Selasa, 21 Desember 2010

Biyung.....

Suara Adzan subuh saka Langgar pojok kampung lamat-lamat ngebaki kahanan ing esuk iku. Mbok Wage wiwit jam 3 sak durunge subuh wis tangi nyiapne dagangan kang arep di gawa menyang pasar Legi. Udan isih ngricih nambahe kekes. Oncor wis siap, payung kang wis ora utuh maneh wis dicekel Mbok Wage karo mulai nggendong dagangan.
"Le, Sudar.. simbok menyang pasar dhisik yo, sarapan wis nek meja" Pamite Mbok Wage menyaang anake lanag sing isih umur 7 tahun. Ora krasa luhe Mbok Wage netes, kelingan marang swargi ojone kang wis sawetara suwe ninggalake dheweke karo anake Sudar.
"Iyo Mbok, ati-ati", jawabe cekak